WEDARAN BABARING KAWRUH SADAT TUNGGAL KA LIMA USADA, ija KEDATENING PUSTAKA DJAMUS KALIMA - USADA
ANANE WAHANANE KEDJATEN ing TUMANGKARING MARANG KAHANANE DJAGAD TETELU
- Mingka wewenang wewarah ing babaring kedaten, kang dadi wosing kapitajaning urip ing SAHADATE kang TUNGGAL mau, ing mangko bakal sun gelar dhingin kawruhe babaring Kedjaten iki kang tumangkare aniputi ing kahananing sakalir ngalam, apadene tumrap marang kedadejane djagading donja, awit kaprije werdine bab kawruh kasebut kang lire kaja kang kabasakake dening pangandikane Sang Hyang Naradha kang kadjarwakake djagading manungsa punika tan prabeda lan djagading donja. Ing mangka ija kabeh iki, iku kahanane gumelar ija awit saka purbane Kedjatening Dat kang Amurba lan amisesa, mula bab kawruh iki ia wigati lan kudu kinaweruhan widjang-widjange kaprije sedjatine kawruh-kawruh kang sesaluran klajan laku-lakune kahananing ngauripe manungsa iki, djer ija uripe manungsa iku kang ingaranan urip sedjati, minangka dedjering urip kang saking kahananing Kedjatene DAT KANG AMAHA MURBA WISESA.
- Anadene babare bab kawruh iki, amrih tjethane karingkes pilah-pilahe kawiwitan sangkaning purwa, asale Kedjaten kasebut mau kang aniputi ing kahananing sakalir alam kang luwih dhingin.
- Ing wewarah kang dhingin wus katjethakake manawa wite kedaten mau sawidji, sarta aniputi ing kahananing gesang telung prakara, dadine limang prakarsa ing sedjatine lan dumununge
- Terange kang diarani sedjati, jaiku titahing Pangeran kang dumadi ing kahanane, kang sinung djedere ing kahananing gesang kang saking ANANE WAHANANE lan KAHANANE sedjati, jaitu SUKTI, MULYA lawan WISESA, Dene kahanan-kahanan kang ora kasinungan dening djedering telung prakarra iku, badjur dudu aran kang minangka dadi tetengering KAHANANE ANANE SEDJATI, kaja lire kang diarani MANUSA iku, kang ndarbeni teges : MANU jaiku tetenger (tenger), SA jaitu kang ESA. Ananging kabeh mau ija dadi kanatahane PURBANING DAT KANG AMAHA MURBA lan AMAHA WENANG, ijaiku DAT kang amurba ing wisesane, aniputi lan sumrambah ing kahananing djagad tetelu, kang katon lan kang ora kasat ing netra.
- Dadi anane djagad tetelu amu kabeh ija saka PURBANING DAT, sarta ija wus pada gumelar wiwit ing sadurunge manungsa iki dumadi.
- Wondene mungguh kadadejaning kahanan kang sarwa gumelar, miwah sakehing kahananing urip ana ing djagad tetelu mau, kawruh-kawruhe kahanane sawidji-widji, miturut wewarah-wewarah ing dalem Pustaka, wos-wosing surasa ing pepilahane kadadejane kahananing urip kang ana ing djagad sawidji-widjine, ringkese kaja mangkene : I. ANANE
- Ing purwane anane djagad (alam) kang sapisanan, jaiku kahanan kang kanjatahan ANANE KEDJATEN; dadi ija iku mangka kanjatahan ANANE DAT, jaiku anane gesang; dadi jaiku PURBANE kang aniputi, sumrambah ing WEWENANG lan WISESANE Kedaten mau.
- Alam kang sapisan iku diarani ALAM SEPI, ija diarani ALAM SUNJA - RURI, kang ija uga den arani ALAM RATMAJA, tegese DJAGAD TJAHJA, ija djagading tjahja.
- Kahananing urip ing alam iku maligi paramejaning bangsa SUKSMAJA, dadi ija kahananing alam mau mangka dadi kanjatahane ANANE GESANG, kang awit saking PURBANING HYANG SUKSMAJA kang aniputi, sumrambah ing alam kabeh. Ananging alam iku ora kasat ing netra, aran anisaping djagad kang sapisanan. Dene kawruh-kawruhe bab iki, lire jaiku kaja surasa-surasa kang wus kawedhar ing dalem wewarah kang kaping pisan, duk maksihe awang uwung durung ana, II. WAHANANE
- Anuli anane djagad (alam) kang kaping pindho, jaiku kahanan kang mangka kanjatahan WAHANANING KEDJATEN, dadi ijaiku kang mangka dadi kanjatahan awit WAHANANE DAT, utawa ija WAHANANING GESANG, serta ijaiku dadi WENANGING DAT kang aniputi, sumrambah ing WISESANING Kedjaten kabeh.
- Djagad utawa alam kang kaping pidho mau, diarani ALAM SUWUNG, ija isih kasebut alam ALAM SUNJA RURI, uga den arani ALAM SAMAR, miwah sagung ALAMING PALEMUNAN, kang uga kaaranan ALAM RATMAJA.
- Kahananing urip ing alam mau, mangka dadi kanjatahan WAHANANING GESANG, tegese ija saking WEWENANGING GESANG saking ANANE Kedjatening HYANG SUKSMAJA, kang aniputi, sumrambah ing sakalir ngalam. Ananging kahananing alam mau ija durung kasat ing netra iki, ananging uga wus bisa dening tinggaling pranawa, ing urip iki. Dene kawruh-kawruhe bab iki, lire ija kaja widjang-widjanganing surasa-surasaning wewarahan kang bakal kawedharake ing buri, ijaiku werdine dirani alam WAHANAN kang saking babaring Kedjaten kasebut. III. KAHANANE
- Anuli anane djagad (alam kang kaping telu, jaiku kahanan kang kang mangka kanjatahane KAHANANING KEDJATEN DAT; jaiku WISESANE kang aniputi sumrambah ing kahananing alam sakalir, saha wewernaning kahanane urip kang sarwa wudjud.
- Alam kang kaping telu iku diarani ALAM DONJA, kang uga den arani ALAM LAWANG GANTUNGAN, jaiku DJAGAD MADYAPADA, kang aneng rat raja, tegese djagad gedhe.
- Kahananing urip ing alam iki, wus kawistara, sakehing uriping kahanan sawidji-widji kabeh, klawan kahanane URIP kang mangka dadi djedjering Kedjaten mau,ija kang den arani MANUNGSA (MANUSA), kaja kang wus kasebut ing ngarep kabeh; jaiku minangka dadi kanjatahaning KAHANANE GESANG, kang saking WISESANING HYANG SUKSMAJA kang aniputi, sumrambah ing alaming kahanan utawa alaming titah sawidji-widji, apadene kahanane kabeh wus lasat ing netra, dadi kanjatahane kahananing gesang kasebut mau. Babare ing mangko bakal kawedharake maturut-turut.
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Primbon PUDJA MANTRA
Kaimpun dening
R. RASJID ATWAR
Tidak ada komentar:
Posting Komentar